Purbalingga Mbangun Silaturakhmi



Inyong, wong asli Purbalingga, ngerasa bangga banget. Pembangunan kota Purbalingga siki bisa diomongna pesat, ora kalah karo kota-kota gede liane. Mulai sekang pasar anyar, terminal di dandani, tempat olahraga di pindah dadi tambah yahud. Tempat-tempat wisata ora kur di bangun tok, tapi uga di kelola dadine ora terbengkelai. Selain kue, siki Kota Purbalingga selalu bersih. Nang endi-endi ana tempat sampah. Akeh tempat sampah dudu ndadekna Purbalingga TPA, tapi tempat sampahe kue di atur sedemikian rupa dadi gawe indah pemandangan, terus maning tempat sampahe rutin dibersihi nek uwis penuh.

Pembangunan Purbalingga nek inyong perhatikna kue tepat banget. Sing dadi perhatian pertama Pemda kue sarana prasarana sing penting banget, ya kue dalan. Mbahas soal pentinge dalan, inyong arep cerita kieh.

Dadi, Eyang Kakunge inyong sing sekang biyung kue asli Pengalusan. Pengalusan kue desa nang Kecamatan Mrebet. Meh kabeh wong Pengalusan kue sedulure inyong. Dadi wis mesti saben bada inyong, ramane, biyunge, adine, silaturakhmi ming nganah.

Jaman Gemiyen, pas inyong cilik, Pengalusan kue ora kaya jenenge, Alus. Dalan-dalan nang kana, yakin lah, kaya kali sat. dalane neksih gragalan, tur ora di atur, semrawut karo gede-gede, ora kalah karo cengkir kelapa. Pokoke motore wong Pengalusan kue belok-belok banget. Ber de kumbah, nek uwis di enggo sedela ya uwis belok maning. Nek bada maring nganah, inyong dadine males, soale klambi anyare inyong dadi belok. Ditambah maning, umahe wong nganah kue urung ana sing mlesteran, apa maning keramikan, teksih pada lemahan kabeh. Jan, pokoke males pisan maring nganah, yakin golagokin.

Uwong sing ora nduwe motor (nang Pengalusan sing nduwe motor kue setitik tok, bisa diitung karo driji) kue nek agepan maring kota ya mlaku. Ora nana angkot. Ndean supir angkote males, mbok dadi angkote belok. Angkutan nang Pengalusan paling-paling kol coak. Kol sing bak mburine ora nana payone. Kue ben jarang banget. Pokoke ming ngendi-ngendi mlaku.

Tapi kue gemiyen, pas teksih jamane Orde Baru. Pembangunan teksih terpusat neng Kota-kota gede tok. Kota cilik kaya Purbalingga ben ora di urus, apa maning Pengalusan, uwis ndesa nang pencrit sisan. Siki, sewelas tahun sekang Reformasi, Pengalusan ya uwis Reformasi total.

Uwong ngana siki uwis sugih-sugih, ora kaya gemiyen ngising karo adus teksih nang kali sat. Bisane siki dadi sugih-sugih? Ya kue ora ucul sekang sing jenenge Pembangunan. Pemerintah Kabupaten Purbalingga kue serius banget gole mbangun. Sing pertama di bangun kue dalan. Dalan-dalan nang Pengalusan sing kaya kali sat, gragale kaya cengkir kelapa, di aspal hotmik. Nek liwat dalan dadine ora belok maning. Uwong Pengalusan dadi keton lewih resik.

Supir angkot mule mangkal nang Pengalusan, soale uwis ora males, wedi mbok belok maning. Uwong Pengalusan dadi bisa maring kota. Kenal sing jenenge keramik, radio, tifi, pokoke dadi gaul lah. Inyong ya dadi ora males maning bada silaturakhmi maring nganah. Pokoke Pembangunan Purbalingga mempererat silaturakhmi.

Kue tembe pembangunan dalan. Padahal pembangunan nang Purbalingga ora kur dalan tok, tapi uga macem-macem kebutuhan uwong urip. Pokoke urip nang Purbalingga siki tambah nyaman, aman, tenteram, tur bangga.

Apa maning siki ana sing jenenge Purbalingga Blogger Community sing desingkat PBC. Jenenge gaul pisan mbok, nganggo bahasa inggerisan. Anane PBC kue nandakna uwong-uwong Purbalingga ora pada gaptek alias gagap teknologi. Uwong Purbalingga kue gaul-gaul, kreatif (kaya anggota-anggota PBC pokoke), lan positif. Kue ya disebabna gara-gara Pembangunan sing mbangun ora mung fisik tapi uga rohani.

0 komentar:

Comersial Box